tak lelo lelo lelo ledung..










tak lelo ledung..

tak lelo lelo lelo ledung...
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing bagus rupane
nek nangis ndak ilang baguse
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo pria utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadari
kaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah bagus
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..

**dari bapak untuk mu nak!!!

1 komentar:

escoret mengatakan...

selamattttttt

Posting Komentar